Kumpulan Lagu Rohani Jawa Sukacita



Keanekaragaman Suku dan Budaya tiadak memisahkan kita untuk bersama memuji Tuhan. Justru karena keanekaragaman itu Tuhan mau untuk kita senantiasa memuji Dia. Berikut kami berikan Kumpulan Lirik Lagu Rohani Bahasa Jawa Sukacita untuk kita bersama-sama memuji Tuhan.


Sing Sabar Lan Mantep 

SING SABAR LAN MANTEP TEKAN PUNGKASANE
SING SABAR LAN MANTEP NDEREK GUSTI YESUS
SING SABAR LAN MANTEP PIKANTUK GANJARAN
SING SABAR LAN MANTEP, MLEBU KRATON SWARGO


Gonjang Ganjing Bumine

Gonjang ganjing bumine
Kelap kelip langite
Pratandane Gusti wes cedak rawuhe

Tambah tahun rasane 
Tambah abot sangaane
Wong bener bakal urip 
Saka imane

Reff:
Sing sugih podo bingung 
Ngumpetake bandane
Sing mlarat teng belulung mikir butuhe

Yen kanggone wong Kristen
Tetep ayem uripe
Sugih mlarat sing penting Gusti rawuhe


Prokonco Podo Elingo

Prokonco podo elingo
Urip neng dunyo tan langgeng
Koyo kembang suket ing oro-oro
Sedhelo medar endah, sedhelo maneh alum
Wusono garing tanpo guno

Reff:
Delengen jagade akeh bencono
Pratondo wes cedhak rawuhe
Podo mratobato Gusti margane
Kaswargan, kamulyan
Cumawis mring kowe

Ngabekti podho ngabektio
Lumpukno bondo neng swargo
Awit bondo neng dunyo ora langgeng
Neng dunyo akeh durjono
Lan akeh rayap ngenget
Ngabekti podho ngabektio

Reff:
Delengen jagade akeh bencono
Pratondo wes cedhak rawuhe
Podo mratobato Gusti margane
Kaswargan, kamulyan
Cumawis mring kowe

Reff:
Delengen jagade akeh bencono
Pratondo wes cedhak rawuhe
Podo mratobato Gusti margane
Kaswargan, kamulyan
Cumawis mring kowe
Kaswargan, kamulyan
Cumawis mring kowe


Sakjeke Aku Nderek Gusti

Sakjeke aku nderek Gusti
Uripku tandah diberkahi
Atiku ayem tentrem
Atiku ayem tentrem
Kabeh itu Gusti Yesus sing maringi

Reff:
Matur nuwun, matur nuwun
Matur nuwun Gusti Yesus 
Kulo matur nuwun
Matur nuwun, matur nuwun
Matur nuwun Gusti Yesus 
Kulo matur nuwun


Kori Mengo

Kula sumrep kori menga
kang anjog dhateng swarga
yeku sihrahmate
Allah, lantaran Sang Pamarta.

Reef:
Sokur dene kula niki,
nggih taksih winengan kori
kula, kula, nggih kula sadaya

Angger tiyang angsal mlebet-medal ing kori niki
tiyang sugih, tiyang mlarat, tyang ageng-alit ugi

Reef:
Sokur dene kula niki,
nggih taksih winengan kori
kula, kula, nggih kula sadaya

Mila swawi sami mlebet, mumpung taksih atalad,
sedheng kori taksih menga, nggih korining sih-rahmat.

Reef:
Sokur dene kula niki,
nggih taksih winengan kori
kula, kula, nggih kula sadaya

Saiba piduwungipun, tiyang yen dugeng janji,
kaineban kori tobat, tan wonten kang mengani

Reef:
Sokur dene kula niki,
nggih taksih winengan kori
kula, kula, nggih kula sadaya


Monggo Bingah-Bingah

Monggo Bingah Bingah
Memuji miring Allah
Ingkang paling Berkah dados Putro Wayah

Suwe buyut canggah
E..e..e kae sopo
E..e…e kae Konco
E..e..e arep menyang ngendhi
E..e..e Arep derek Gosti

Reff:
Sembahyang mu Opo Yo mung Dino Minggu …(ora)
Ambeganmu Opo yo mung Dino Minggu …(ora)
Derek Gosti Yesus saben Wektu


Monggo Sami Derek Gusti
Monggo Sami Derek Gusti
Gusti Yesus Juru Wilujeng
Mongo – Monggo Sami Derek Gusti


Bilih Roh Suci

Bilih Roh Suci makaryo ing manah kulo 
Kulo memuji Gusti kanthi sukoreno 
Awit Roh Suci makaryo ing manah kulo 
Gesang Langgeng Ayem tentrem Selaminyo 

Reff:
Roh Suci Oh... Roh suci Makaryo ing manah Kulo
Roh Suci Oh... Roh suci Makaryo ing manah Kulo


Uwis Awan

Uwes awan ayo konco podo tangi
Di gatekke uripmu ono neng endi
Pratandane wes cetho, donyane arep sirna
Mulane konco podho tangio

Reff:
Oh tangio, oh tangio
Gusti Yesus meh rawuh oh tangio
Mulo podho elingo uripe di gatekno
Mulane konco podho tangio
Mulane konco podho tangio

Posting Komentar

0 Komentar